Kumpulan Puisi Masyhuri

Kumpulan Puisi, Sajak, Kata Bijak, dan Geguritan

Puisi Bahasa Jawa Ngapak Tentang Penyesalan atas Dosa

Puisi Basa Jawa Tentang Penyesalan atas Dosa, karya puisimasyhuri.com
Puisi Bahasa Jawa Ngapak Tentang Penyesalan atas Dosa
RUMANGSA DOSA
(Karya Masyhuri 18/05/2017)

Wis sue...
Anggonku nandang wigati
Rasane ora genah, selalune serba salah
Keyungyun sedih saben wayah
Prangas-pringis kaya arep nangis
Kelingan akehe luput ora tau nyebut

Lagi siki aku tembe krasa
Nek aku banget seringe gawe dosa
Seprana-sprene ora kepikir
Anane bendu dadi balesan
Merga mlakuku gemagusan ...
Ora nyana polahku wis kliwatan

Siki bisaku mung sambat
Moga-moga dadia ma'lumat, nggo sangu aku tobat
Maring Gusti kang duwe jagat

 
Back To Top